Silsilahe
Sang Hyang Wenang manut crita pedhalangan: Kangjeng Nabi Adam nggarwa Siti Hawa, peputra Kangjeng Nabi Sis.
Kangjeng Nabi Sis nggarwa Dewi Mulat (widadari saka swarga), peputra loro,
yaiku:
1. Sayid Anwas, banjur nurunake para nabi sapiturute, sinebut sejarah
panengen.
2. Sayid Anwar, sawise jinurung sasedyane, bisa dadi manungsa digdaya,
bebisik Sang Hyang Nurcahya, kang nurunake para dewa.
Sang Hyang
Nurcahya nggarwa Dewi Rini, putrane Prabu Nuradi, ratuning jim ing pulo
Maldewa, peputra siji, bebisik Sang Hyang Nurrasa. Sang Hyang Nurrasa nggarwa
Dewi Sarwati, putrane Prabu Warangin, ratuning jim ing pulo Darma, peputra
telu, yaiku: 1). Sang Hyang Darmajaka (Sang Hyang Purba), 2). Sang Hyang Wenang
(Sang Hyang Wisesa). 3). Sang Hyang Taya (Sang Hyang Wasesa). Dewa telu iku
kang mencarake para dewa, para nata, para satriya sepepadhane, kang sabanjure
kanggo carita lakon ringgit purwa.
Sawijining
dina, Sang Hyang Wenang menggalih surasane Pustakadarya, njalari kepencut
marang lelakone ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya, satemah banjur sengsem ulah
tapa brata. Awit saka iku, Sang Hyang Wenang banjur nganglang jagad, saenggon
–enggon tarak brata matiraga, ora beda karo ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya.
Wasanane Sang Hyang Wenang akaghyangan ing puncake Gunung Tunggal ing Pulo
Dewa, nyipta kahyangan kang luwih dening endah, sinebut Ondar –andir Bawana.
Bareng olehe akahyangan ana ing puncake Gunung Tunggal wis 300 taun lawase,
para ratuning jim sakawulane akeh kang padha ngidhep marang Sang Hyang Wenang.
Sawijining dina, Sang Hyang Wenang dilurugi Prabu Ari ratu ing Keling, sabaline.
Nganti sawatara suwene Prabu Ari ngadu guna kasantikan lumawan Sang Hyang
Wenang. Nanging wasanane Prabu Ari kasoran, banjur nungkul sarta ngidhep marang
Sang Hyang Wenang. Putrane putri Prabu Ari kang sesilih Dewi Saoti kagarwa Sang
Hyang Wenang, peputra telu, yaiku:
2.
Sang Hyang Ening.
3.
Dewi Yati (Suyati).
Catetan: menawi gambar lan penulisan punika kados mboten sami, nyuwun maklum...
sumber : rangkuman berbagai media seni budaya wayang Indonesia
sumber : rangkuman berbagai media seni budaya wayang Indonesia
https://hiburankuinspirasiku.blogspot.com/2022/05/memasuki-masa-pensiun.html
https://tulisanpenting12.blogspot.com/2022/06/por-desa-mangun-jaya-2022.html
https://syukur-nikmat.blogspot.com/2022/06/kompak-itu-indah-dan-indah-itu-olahraga.html
https://serunisumarnie2019.blogspot.com/2022/06/memasuki-masa-pensiun.html
https://soundcloud.com/parta-sentanu/parta-1
https://soundcloud.com/parta-sentanu/dj-desa-remixaz
https://soundcloud.com/parta-sentanu/jim-reeves-am-i-that-easy-to-forget
https://soundcloud.com/parta-sentanu/pamer-bojo
https://soundcloud.com/parta-sentanu/menuju-deles-indah-jalan-tanjakan